Senin, 07 Januari 2013

Pidato bahasa jawa "tata Tertib"



 Temen-temen,,ini loh saya posting contoh pidato Bahasa Jawa dgn Tema "Punapa Pentingipun tata tertib kagem siswa-siswi SMK PGRI 4 Ngawi",,,kmaren pas lomba class meeting aq bawain pidato ini dan alhamdulillah dapat juara 2 hehehehehe
semoga bermanfaat yachhh :-)


Assalamu’alaikum wr.wb
Alhamdulillah…..alhamdulillahhirobbil’alamin, washolatu wassalamu ‘ala asyrof’il ambya’I war mursalim, wa ‘ala alihi wasobbihi aj ma’in..amma ba’du
Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala SMK PGRI 4 NGAWI, bapak ugi ibu guru, konco-konco sedaya kemawon ingkang kula tresnani. Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal ing mriki. Kula siswa kelas 12 TKJ 2 ingkang tinanggenah mewakili konco-konco kelas 12 TKJ 2 kagem ngaturaken pidato ingkang tema “ Punapa Pentingipun Tata Tertib Kagem Siswa lan siswi SMK PGRI 4 NGAWI “.

Sakderengipun kulo njlentrehake, kulo bade tangklet rumiyen. Penting nopo mboten tata tertib niku…?? Sing jelas niku penting, amargi yen mboten wonten tata tertib,lare sekolah mesti SKUD,nopo niku SKUD?? Sak Karep Udele Dewe..nggeh ta??Seragam sekolah sak karepe dewe,mlebet sekolah sak wayah-wayah..ngguak sampah sak nggon-nggon, pokoe seng mboten sae-sae niku merajalela, wanton jamin kulo!!!

Wong sampun diparingi tata tertib lo siswa-siswa niku taksih kathah sing nglanggar, contone gampile mawon seragam putih abu-abu, kudune di agem mlebet nanging taksih kathah siswa-siswa kang ngageme medal, kaos kaki kang kudune warna putih malah ngageme kaos kaki warna-warni, lare ngonten niku kathah ing SMK mriki.
Setunggal maleh, masalah sampah. Saben kelas sampun diparingi tempat sampah kagem mbucal sampah, nanging nggeh taksih kathah siswa-siswa kang mbucal sampah ing njero loker.

Sakjane tata tertib niku di damel kagem mbentuk  pribadine siswa-siswa supoyo dados pribadi kang disiplin lan tanggung jawab. Nanging kendalane nggeh niku, kadang siswa nyepeleaken peraturan sekolah,. Kadang wonten siswa kang bangga amargi nglanggar peraturan.,aneh ta?? Ndamel kesalahan terus di BP nanging mboten kapok, mbenjing taksih di lakoni maleh kesalahane. Tuladha nyatane niku lo, saben dinten senin wonten upacara bendera, bapak ugi ibu guru sakjane nggeh mboten kirang ngandani siswa-siswa supaya bidal sekolah radi enjing karben mboten telat tumut upacara, nanging taksih wonten mawon siswa-siswa kang telat bidal sekolah. Pisan pindo taksih dimaklumi, la kulo nate ngertos siswa sing telat niku nggeh siswa-siswa niku mawon..nganti jeleh ngingeti, mosok saben dinten senin kok sing dados artise lare-lare niku mawon.

Mboten SMK PGRI 4 Ngawi mawon, peraturan/tata tetib niku nggeh penting kagem Negara ,lingkungan keluargo lan masyarakat. Tuladhane nggeh, negarane kito, Negara Indonesia, peraturane katah banget, UUD 1945, pasal-pasal nganti puluhan ugo atusan. Aturan-aturan niku didamel wonten tujuane, supoyo rakyat Indonesia niku gadah akhlak lan perilaku ingkang sae.

Sa’umpami Negara kito mboten wonten aturane mesti Negara niki bakalan mawut,amburadul koyok kapuk kang keterak angin,,mabul-mabul sak karepe dewe. Saget mbayangke piyambak  nggeh  pripun kahanane Negara yen mboten wonten tata tertib,wong mateni wong ora dihukum,pemerkosaan,miras,narkoba lan liya-liyane merajalela,nau dubillahimindzalik, mugi-mugi mboten kedadeyan ing Negara kito, Negara Indonesia lan Sekolah kito SMK PGRI 4 Ngawi khususe.
Ndamel tata tertib niku gampang, nanging nandhangine niku kadang mboten gampang,,kathah kang nyepeleaken utawa nggampangaken. Sahingga tata tertib among didamel kagem dilanggar.

Kesimpulane tata tertib niku penting mboten kagem siswa-siswi SMK PGRI 4 Ngawi mawon, nanging kagem sinten mawon kang urip ana ing ndonyo. Urip tanpo tata tertib niku ibarat masang gendheng tanpo reng lan usuk..

Cekap semanten saking kula, manawi wonten klenthune, kula nyuwun agunge pangaputen dumateng sedaya kamawon. Kula aturaken matur sembah suwun . akhiru kalam
Wabillahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum wr. wb.